sopo nandur bakal tinemu

GINAU

Rukun Islam


Rukun Islam iku ono limang perkoro, yoiku :
  1. Syahadat
  2. Sholat
  3. Zakat
  4. Puoso
  5. Haji

1. Syahadat


Syahadat iku kalimah kang utomo lan kang kawitan kudu diucapaken lan dipahami  ambi wong kang melebu agomo Islam.
Wong kang ngucapaken Kalimah syahadat ono telung (3) syarat makne diterimo ambi Gusti Alloh SWT yoiku, Ngerti nong Artine kelawan bener, Mbeneraken nong jero atine lan Iklas.
 Syahadat iku ono loro (Syahadatain) kang sing ulih dipisahaken. Kadhung wong wis percoyo ambi Gusti Alloh, iyane yo kudhu percoyo gok Kanjeng Nabi Muhammad iku utusane Alloh. Sing ulih milih salah sijine, kudu karo-karone.


 2. Sholat


Sholat kadung wong Banyuwangi ngarani Sembayang, asale teko boso Arab hang artine Dungo". Kadhung miturut Istilah, Sholat utowo Sembayang iku Pegawean Ibadah hang Dikawiti ambi Tabirotul Ihrom lan Diakhiri ambi Salam

  • Rukun Sholat :
  1. Niat
  2. Ngadek (kanggo kang kuwoso)
  3. Takbiratul ihrom
  4. Moco surat Al-Fatehah angger roka'at
  5. Ruku' ambi tuma'ninah
  6. I'tidal ambi tuma'ninah
  7. Sujud ping pindho ambi tuma'ninah
  8. Lungguh ring antarane sujud loro (2) ambi tuma'ninah
  9. Lungguh tasyahud akhir
  10. Moco tasyahud akhir
  11. Moco sholawat Nabi ning tasyahud akhir
  12. Ucap Salam
  13. Tertib (ngelakoni rukun urut)

    0 komentar:

    Dí lo que piensas...